Minggu, 20 November 2011

Contoh MC Manten Jawa

Maaf terpaksa saya share ini, karena kemarin aku terkena bagian yang gak mengenakkan ketika pada acara temu pengantin di keluarga dekat, aku disuruh jadi mc nya. Padahal aku sedang dak bawa naskah andalanku ini, jadi ya agak ribet urusannya. nah untuk jaga-jaga, saya share aja biar ada yang ngingetin atau ada pegangan ketika terpaksa jadi mc Manten lagi. Ni dia teks nya....

السلام عليكم ...الح

ان الحمد لله – نحمده ونستعينه ونستغفروه ونعوذ بالله من سرور انفسنا ومن سيئة اعمالنا

من يهد له فلا مظلله ومن يظلل فلا هاديله-

اللهم صلى على اشرف الانبياء والمرسلين سيد نا ومولانا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين – اما بعد-

Hadrotal muhtaromin, para alim ulama, wabil khusus dumateng panjenenganipun………………… Para pini sepuh sesepuh ingkang dahat kinurmatan.

Para pangemban pangembating praja satrianing nagari minongko pandam panduming kawula dasih ingkang sinudarsana

Dumateng keluarga pinanganten khususipun brayat ageng keluarga Bapak ………….. lan ibu …………

Para rawuh tamu undangan kakung miwah putri ingkang satuhu dahat kinurmatan

  • Langkung rumiyin sumonggo kito ngunjuaken raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayahipun kito waget ngrawuhi saperlu ngestreni pawiwahan pinanganten daupipun mbak…………………………………. Putrinipun bapak ……………………… kaliyan mas ………………………… putra kakungipun bapak ……………………….. saking tlatah…………………
  • Sholawat saha salam mugi tansah kunjuk dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Ingkang saestu tansah kita antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumal qiyamah. Mugi-mugi kula panjenengan sami kalebet kawulaning ingkang angsal syafaatipun Rasulullah SAW. Amin.
  • Para lenggah kakung miwah Putri ingkang minulyo. Keranten wekdal ingkang sampun dungkap siang, pramilo sumonggo adicara wiwahaning pinanganten daupipun mbak………………….. kalian mas ……………………. Tumunten kito awiti. Ananging sakderengipun, kawulo minongko pranata adicara bade ngaturaken rantamaning titi laksana adicara wonten ing siang meniko.

Adicara ingkang sepisan inggih meniko pambuka

Kalajengaken adicara ingkang angka kaleh nun inggih waosan ayat –ayat suci al-qur’an

Adicara ingkang angka tiga atur pasrah pinanganten saking keluarga kakung.

Adicara ingkang angka sekawan atur panampi saking keluarga putri.

Kalajengaken adicara ingkang angka gangsal mauidzoh hasanah saha Do’a

Minangka jangkeping adicara inggih meniko panutup.

1) Para lenggah tamu undangan ingkang bahagyo mulyo. Mekaten menggah rantamaning titi laksana adicara walimatul ursy wonten ing siang meniko.

Lan sumonggo kita awiti sesarengan kanti waosan suratul fatihah, mugi mugi kanthi waosan suratul fatihah waget nambah lancaripun adicara sak mangkeh.ابتغاء لمرظة الله ورحمته الفاتحه

2) Sagunging para rawuh kakung miwah putri ingkang sinudarsana, tumapak adicara ingkang angka kaleh inggih meniko waosan ayat-ayat suci al-qur’an ingkang bade dipun salirani dening sederek ……………………. Dumateng panjenenganipun kawulo sumanggaaken.

3) Mekaten menggah waosan ayat-ayat suci al-qur’an. Adicara saklajengipun inggih meniko atur pasrah pinanganten kakung. Dumateng panjenenganipun ingkang kajibahan sasana saha swasana sumonggo katur.

4) Para lenggah ingkang pantes sinuba ing pakurmatan. Adicara ingkang angka gangsal inggih atur panampi saking keluarga putri ingkang badhe dipun aturaken dening panjenenganipun Bapak……………… wekdal saha papan kawulo aturaken sakcekapipun.

5) Para rawuh, tamu undangan ingkang bahagyo mulyo. Mekaten menggah atur panampi saking keluarga putri. Sagunging para rawuh ingkang pantes sinuba ing pakurmatan. Adicara ingkang angka gangsal inggih meniko mauidzoh hasanah saha do’a ingkang badhe dipun aturaken dening panjenangipun ibu Nyai Maisaroh. Dumateng panjenenganipun sasana sabda kawulo aturaken sakcekapipun.

6) Kaaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindan dumeteng panjenenganipun ibu nyai maisaroh. Ingkang sampun kerso paring mauidzoh hasanah wonten ing walimatul ursy meniko.

Para lenggah kakung miwah putri ingkang minulyo. Mekaten menggah adicara walimatul ursy daupipun mbak………………. Kaliyan mas ………………….. sampun paripurno. Saestu saking keluarga ngaturaken agunging panuwun awit saking rawuhipun bapak ibu sekalian, lan saestu nyuwun do’a pangestu khususipun dumateng pinanganten kekaleh mugi wageto dados keluarga ingkang sakinah mawadah warahmah. Amin ya rabbal alamin..

7) Adicara ingkang angka enem inggih meniko do’a. ingkang bade dipun aturaken dening Bapak ……ananging sakderengipun, kawula minangka pranata adicara mbok bilih wonten atur ingkang mboten nuju prana ing penggalih, saestu kawula namung waged nyuwun tumetesing sih samudra pangaksami.

اخرالكلام والله الموفق إلى أقوام الطارق والسلام عليكم ...الح

Dumateng panjenenganipun bapak ………………… wekdal saha papan kaaturaken. sumonggo

1 komentar:

  1. Ametsewu poro sedulur badhe nderek paring pambiyoworo
    Situs dewasa khusus 17+ thn menuju rumah tangga harmonis
    www.vimax-herbalis.com

    BalasHapus